Ngenes Diwalik Seneng

Pambuko Rutinan Sanggar Kedirian 25 Maret 2022

Boso wolak-walik biasa digawe karo arek arek malang, makan dadi nakam, sehat dadi tahes lan liyo-liyane. Semono ugo ukoro ngenes dadi seneng, sing saiki dadi tema rutinan Masyarakat Maiyah Sanggar Kedirian.

Diwolak-walik ukoro ngenes, seneng, ngenes, seneng kabeh ono maknane sing artine berkaitan. Ngenes lawan katane seneng lan seneng lawan katane ngenes.

Yen siro duwe roso ngenes sak jane iku wes cedak karo seneng. Kepriye carane? Yo kari malik wae. Dadi ora susah. Gampang to?

Tapi iso ugo iki dadi angel, yen ora duwe rumus sing iso malik ngenes dadi seneng. Kepriye nemuake rumus-rumus iku? Babagan iki bakal dirembuk ono ing rutinan Sanggar Kedirian. Mulo monggo sami rawuh ing rutinan Sanggar Kedirian:

Jumat malem Sebtu Legi, 25 Maret 2022 (dalu niki), bakdo Isya' ing kampus IAI Tribakti, Kota Kediri.
Continue reading Ngenes Diwalik Seneng